Basa Rinengga
A. Pangerten
Basa Rinengga
Basa Rinenga yaiku
basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya
saenga dadi basa sing endah lan nresepake ati. Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp).Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang
endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake,
sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa
diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna
rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik
pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis
panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing
tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning
tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning
ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing
busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing
istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget
pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa
rima.
B. Tujuan
Basa Rinengga :
Kang dadi ancas (tujuan)
digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi kaendahaning ukara(pepaes).
C. Jinis-jinise Basa
Rinengga :
1)
Tembung
saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo
bebarengan.
Tuladha: a. Wayang iku minangka
budaya kang adi luhung.
b. Supaya Koperasi Sekolah maju,
para pengurus kudu nggunakake akal budi.
2)
Tembung entar, yaiku
tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang
ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan
(kiasan).
Tuladha : a. Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
b. Sanajan rupane
ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis
lambene.
3)
Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa
cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper
waé.
Tuladha : a. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)
b. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
4)
Paribasan,
unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges
tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok.
Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges
entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper
pasemon).
Tuladha : a. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal
tinemu, sing ala bakale ketara
b. Cebol
nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
5)
Bebasan,
unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang.
Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane
utawa tindak-tanduke
Tuladha :
1. Kocak
tandha lukak
tegese : wong kang sugih omong pratandha
durung akeh kawruhe.
2. Sedhakep
ngawe-awe
tegese : wis
mareni marang tumindak ala nanging ing
bathin isih kepingin nindakake maneh.
3. Ngubak-ngubak
banyu bening
tegese : gawe kerusuhan ing papan kang
tentrem.
6)
Saloka,
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhakake wonge
Tuladha :
1. Gajah ngidak rapah
tegese : wong kang nglanggar
wewalere dhewe
2. Sumur lumaku tinimba
tegese : wong kang kumudu-kudu
dijaluki warah
3. Lahan karoban manis
tegese : wong bagus/ayu rupane
tur becik bebudhene
7)
Purwakanthi,
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara
ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing
saburine.
Tuladha :
v Kudu
jujur yen kowe kepingin makmur.
v Ana
dina ana upa, ana awan ana pangan
v Kala
kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
v
Pak Kreta,
nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
v
Watake
putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
v
Yen
gelem obah bakal mamah.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane
utawa tulisane.
v
Dhasare
wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
v
Sing
sapa salah bakale seleh.
3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku
purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara
candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi
guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Urip iki ora angel,
v
angele
sok ginawe dhewe,
v
dheweke
tan ngrasa bisa,
v
bisane
mung nyadhong dhawuh,
v
dhawuhe
Kang Murba Amasesa.
v
Ngelmu
iku luwih pangaji,
v
ajine
datanpa tandhing,
v
tandhingna
bandha lan arta,
v
arta
iku gampang sirna,
v
sirnane
tan petung wektu,
v
wektune
ilang saben mangsa,
v
mangsa
iku gunakna ngupadi ngelmu.
8)
Parikan, unen
– unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan
ukara kapindho minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging
mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.
Paugeran
utawa pathokane parikan
Cacahing
wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
Ukara sing
ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning
ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
Parikan bisa
dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
Tuladha
parikan
Parikan
(4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik
blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik
klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing
prasaja.
c. Nyangking
ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
d. Plesir
sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat.
e. Plesir
sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan
(4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa
nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa
nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit,
menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan
(3 wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis
kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune,
diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe,
dianguk – anguk. senenge, yen wis
kepethuk.
Parikan
(4 wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit,
wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang
menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak
dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong
royong.
Tawon madu,
ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen
ditudhuhna luputmu.
Parikan
(8 wanda + 8 wanda) x 2
Gawe cao
nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud
nggregut sinau.
Jangan
kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi
ing rekasa.
kayu urip
ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
Parikan
padinan
Kece, ora
enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali
ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek
diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik,
jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik
saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit
nucuk pari, dadi murid bukune keri.
9)
Pepindhan, iku unèn-unèn jroning kang mindhakake
barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung
panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring
dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten,
pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra
Tuladhané
Pepindhan
Pepindhan
kanggo nyandra putri kang sulistya.
v Ayune
kaya dewi Ratih
v Dedege
ngringin sungsang
v Lembéyané
mblarak sempal
v Kulite
kuning nemu giring pindha mas sinangling
v Lakuné
putri Sala kaya macan luwé
v Luruhe
pindha Dewi Sembadra
v Aluse
kaya sutra
v Jogede
kaya merak kesimpir
v Jogede
mucang kanginan
v Kenese
kaya Dewi Srikandi
v Janggute
pindha tawon gumantung
v Antenge
kaya temanten ditemokke
v Mendhak-mendhak
kaya sata manggih karma.
Panyandra
kanggo satriya utawa priya
v Baguse
kaya bathara Kamajaya tumurun
v Brengose
nglaler mencok
v Brengose
nguler keket
v Dedeg
piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
v Tandangé
cukat kaya jangkrik mambu kili
v Tandange
kaya jangkrik mambu kili
v Tandange
kaya sikatan nyamber walang
v Tandange
kaya banteng ketaton
v Tekade
kaya geni lan urupe
v Lakune
sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas
Pepindhan
kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
v Abang
kumpul padha abang kaya alas kobong
v Dawane
barisan anglur selur pindha sela brakithi
v Ijo
kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
v Ireng
kumpul padha ireng kaya gagak reraton
v Kuning
kumpul padha kuning kaya podhang reraton
v Ramen
suraking wadyabala ambata rubuh
v Swarane
kaya mbelahna bumi
v Wangsulane
saur manuk
v Akehe
pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing
v Akehe
pepati kaya sulung lumebu geni
v Untabe
wadyabala kaya samodra rob
v Ramene
lir prahara nempuh wukir
v Polahé
wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri
Pepindhan
kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
v Soca
bang angatirah
v Jaja
bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
v Sang
Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
v Sumbaré
kaya bisa mutungna wesi gligèn
v Kekejera
kaya manuk branjangan
v Kopat-kapita
kaya buntut ula tapak angin
v Pintera
kaya bisa njara langit
Pepindhan
kanggo nyandra kahanan
v Abote
kaya watu
v Adheme
kaya es
v Antepe
kaya wesi
v Anyepe
kaya gedebog
v Asine
kaya uyah
v Atose
kaya wesi
v Bantere
kaya angin
v Dhuwure
kaya othak-othak méga
v Empuke
kaya gudir
v Enthenge
kaya kapuk
v Gampang
kaya empol pinecok
v Gelise
kaya banyu sinaring
v Kaku
kaya kena nggo pikulan
v Kesite
kaya kadhal
v Kesité
kaya laler
v Klular-klulur
kaya tuma kathok
v Landhepe
pitung penyukur
v Padhangé
kaya rina
v Panase
kaya mecah-mecahna sirah
v Petenge
ndumuk irung
v Polahe
ngaru napung
v Rikate
kaya angin
Pepindhan
liya-liyane
v Akehe
lelara kaya kena pageblug
v Ali-aliné
nggunung sapikul
v Bebedané
ngadhal mèlèt
v Bedane
kaya bumi karo langit
v Begjane
kaya nemu cempaka sawakul
v Begjane
kaya nemu emas sakebo
v Begjane
kaya nemu emas salaka
v Begjane
pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu.
v Bungahe
kaya ketiban ndaru
v Cahyane
bingar kaya lintang johar
v Cahyane
nglentrih kaya rembulan karahinan
v Cep
klekep kaya orong-orong kepidak
v Cethile
kaya cina craki
v Cumlorot
kaya lintang alihan
v Cumlorot
kaya ndaru
v Dalane
nggeger sapi
v Domblong
kaya sapi ompong
v Dondomane
kaya tutus kajang
v Galake
kaya buta
v Galake
kaya macan manak
Sumber :
- Buku Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA Kelas X, Penerbit Duta
- http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes-sastra.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://www.kawuryan.com/?p=335, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://alifbaktak.blogspot.com/2012/07/basa-rinengga.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://ithinkeducation.blogspot.com/2012/12/basa-rinengga-ten-boso-jawi-bahasa.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- https://karlinasetiyanti.wordpress.com/2014/01/09/tembung-saroja-2/, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/tembung-entar/, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://www.kelasjawa.com/2014/03/paribasan-bebasan-lan-saloka.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://corojowo.blogspot.com/2011/11/purwakanthi.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://mustofaalmahfud.blogspot.com/2013/05/purwakanthi-bhs-jawa.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
- http://pendekarjawa.wordpress.com/parikan/, diakses tanggal 24 Agustus 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar